Struktur sel
Diagram sel prokariota
Diagram sel eukariota, nedahake komponen-komponen subselular. Organel-organel: (1) nukleolus (2) nukleus (3) ribosom (4) vesikel (5) reticulum endoplama ER (6) badan Golgi (7) citoskeleton (8) smooth ER (9) mitokondria (10) vakuola (11) sitoplasma (12) lisosom (13) sentriol ing sentrosoma

Sacara umum saben sel duwé

* membran sel,
* sitoplasma, lan
* inti sel utawa nukleus.

Sitoplasma lan nukleus sacara bebarengan nyusun protoplasma. Ing njero sitoplasma ana manéka warna organel. Sel tetanduran, alga lan prokariota ngembangaké dinding sel sauntara sel kéwan ora. Sapérangan organisme nduwé flagella ing selé kanggo nggampangaké anggoné obah.
[sunting] Membran sél

Pirsanana artikel khusus ngenani membran sel.

Membran sel kasusun déning lipoprotein. Membran Sel matesi kabèh kagiyatan sing dumadi ing njero sel saéngga ora gampang kaganggu déning pangaruh saka njaba. Amarga fungsi iki, membran sel duwé sifat 'selektif permeabel', bisa nemtokaké bahan-bahan tinentu waé sing bisa mlebu nuju lan metu saka sel. Ing sel tetanduran, membran sel ing kaanan normal nempel ing dinding sel amarga tekanan turgor saka njeron sel.
[sunting] Sitoplasma

Fungsi utama kauripan dumadi ing sitoplasma. Mèh kabèh kagiyatan metabolisme dumadi ing njeron ruangan kanthi isi cuwèran kenthel iki. Ing njero sitoplasma ana organel-organel sing mlayang-layang ing cuwéran kenthel (arupa koloid, nanging ora homogen) sing disebut matriks. Organel iki sing nglakoni akèh fungsi kauripan: sintesis bahan, respirasi (pangrombakan), panyimpenan, sarta réaksi marang rangsang. Sabagéan gedhé prosès ing njero sitoplasma diatur sacara enzimatik.

Saliyané organel, ana uga vakuola, butir-butir glepung, butir silikat lan manéka warna prodhuk sékundhèr liya. Vakuola nduwé peran wigati minangka papan panampungan prodhuk sékundhèr sing wanguné cuwèr, saéngga disebut uga 'cuwèran sel'. Cuwèran sing ngisi vakuola béda-béda, gumantung papan lan fungsi sel.
[sunting] Nukleus

Nukleus tugasé ngontrol kagiyatan sing dumadi ing sitoplasma. Ing njero nukleus ana kromosom sing isiné DNA sing arupa cithak biru kanggo panggawéan manéka warna protein (utamané enzim). Enzim diperlokaké kanggo nglakokaké manéka warna fungsi ing sitoplasma. Ing njero nukleus uga ana nukleolus.
[sunting] Organel

Manungsa nduwé akèh organ sing béda-béda kaya jantung, paru-paru lan lambung, sing fungsiné uga béda-béda. Semana uga sel. Sel nduwé organ sing disebut organel (ateges 'organ cilik').

Ing ngisor iki manéka warna organel ing njero sel (khususé sitoplasma):

* Kondriosom utawa mitokondria.
* Plastida (mung ana ing sel tetanduran lan saperangan alga),
* Diktiosom, luwih dikenal minangka badan Golgi utawa benda Golgi,
* Ribosom,
* Retikulum endoplasma,
* Peroksisom
* Vakuola

0 Response to " "

Posting Komentar